_*Penglukatan Nawa Sanga*_
Ong Sang tabeya pakulun, lingira watek dewata nawa sanga kabeh. Manusanira aneda anugraha penglukatan kang sarwa tinandur, mungkang maletik ing ibu pertiwi, kang sarwa tumuwuh, phala bungkah phala gantung, sakahuban dening akasa, sakasangga dening pertiwi, sakaslehan, dening Sang Hyang Aditya, wulan, lintang tranggana, pada kalukat kalebur. Saletehing bhumi kabeh, sasab marana laputen, sebel seseg putek latek, sangkala nyanyad taleteh, salah panjing, salah tiba, salah laid, salah pati. Kalukat denira Sang Hyang Iswara, kapurna de Sang Hyang Brahma, karapuh de Sang Hyang Wisnu, purna jati paripurna.
Ong paripurna swaha.
Ong Sa Ba Ta A I, Na Ma Si Wa Ya. (ranjingan sekare ring sangkune).
Lanturang malih.
Ong candang mati busung mati, busung lanas sapantusan. Gadgad mereng, lalandakan, beseh kabeben kaleleng, walang sangit, walang awus, walang anggas, tikus paksi. Aja sira sami mangan parinira Bhatari Shri. Mundur sira maring campa keling, jambudwipa. Aja sira mawali waliya muwah, apan sira pandadiyan ing wong mati salah pati.
Yan sira arep lukata, mati sira mangke. Yan sira mati, kalukata sira lanang wadon, pamuliha atmanta maring Bhatara Rudra.
Yan wadon sira mandadi istri listu hayu.yan lanang dadi ta sira jajaka apekik, tumitis sira maring ulun, yan sira tumitis, tutur-tutur aywa lupa, inget-inget aywa lali, ahening rupanta tanpataleteh.
Ong sri yawe namo namah Siwaya. (pulang sekare ring sangkune)
Lanturang malih mantrane
Ong sira bregala bregali, yan sira tan arep lukata, aja sira maring kene, aja sira mangan pari nira Bhatari Istri. Yan sira tan arep lukata, tinemahan sira dening para watek Dewa Nawa Sanga. Moga sira embet jengkang, mati tan mati, urip tan urip.
Tan mangan sarwa tumuwuh, ing rat bhuwana, dadi kang sarwa tumuwuh, murah kang sarwa tinuku. Urip janma, urip pasu, murah kang sarwa tinadah. Pakirtinira Bhatara Deqata Nawa Sanga.
Kasungsung ring manusa kabeh, mahetis ikang pertiwi, adoh kang sasab marana, mari ikang bhuta dengen, Dewa Bhatara amertanin, asari kanv sarwa bhinukti, amertani kang pangan kinum, kang sarwa wisya temahan amerta.
Ong werdhi-werdhi nadi kang sarwa phala, sarwa bungkil.
Ong siddhir astu ya namah swaha.
Komentar
Posting Komentar